Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

iklan

LIRIK CAKEPAN DAN NOTASI SUBOKASTOWO

Notasi lan cakepan

ketawang Subokastowo laras pelog pathet nem

buko :   . 62 .   2625  .1. 6  . 1. 5

.  1 . 6   . 1 . 5   .  1 . 6   . 1 . 5  

. 2 . 1   . 6 . 5   . 2 . 1    . 6 . 5
. 2 . 1   . 6 . 5   . 2 . 1    . 6 . 5
. 2 . 1   . 2 . 6   . 2 . 1    . 6 . 5

*

angripta rengganing gunung
-lambang e jurang e
yen kadulu saking tebih,
warna biru maya maya
-watune alase
kang jenar sinawur wilis
e e gawe lam lam ing paningal
lho lho suwe suwe nanduki rasa respati

**

goprak panggusahing manuk
-prag prag prag swarane
mangka rerengganing sabin
nggenteyong memedi sawah
-yut siyut ting monting
sinendhal katarik angin
e e pranyata banget piguna
lho lho suwe suwe agawe girising peksi
***
tandur subur banyu mancar
-sor sor cik kricik
angelepi sabin sabin
pra tani anggula wentah
-net net net dhet dhet dhet
galengan ginala giling
e e wimbuh lawuh tuwuh sawah
lho lho suwe suwe yuyu welut kodhok wilis
****
pinancing pancing sinuluh
-pret cepret yot theyot
wader cethul anguntuli
prapangon bebek lan mendho
-long tholong gitik e
agawe nuding anggiring
e e aneng dhadhah pinggir marga
lho lho  jenak tancep pjnggir marga
umpak
E endah temen megane putih memplak manyungi gunung gunung  lho lho.
pancurane katon banyune bening.
-mili mintir ing sawah tan ana cicir
pari jagung  ketela pohong
-kacange canthele grojogane sor sor
sah sah anggusah ngetak manuk per per
per kleper manuke mabur





5 komentar untuk "LIRIK CAKEPAN DAN NOTASI SUBOKASTOWO"

Unknown Selasa, 02 April 2019 pukul 03.32.00 WIB Hapus Komentar
Apik mas... lanjut gending2 liyane ya... ben ora punah budaya agung iki
Unknown Senin, 19 Agustus 2019 pukul 16.15.00 WIB Hapus Komentar
Lagu yang sangat indah memuji alam ciptaanya
Unknown Rabu, 09 September 2020 pukul 13.18.00 WIB Hapus Komentar
Maturnuwun
Unknown Sabtu, 12 September 2020 pukul 17.03.00 WIB Hapus Komentar
Gending sing tak senengi karo ktw ibu pertiwi mbiyen jaman dadi operator sound system th 80-90an lanjut mas ok...
Noto Budiyanto Sabtu, 12 September 2020 pukul 18.20.00 WIB Hapus Komentar
Maturnuwun