SUMANDING LIRIK
Sumanding Wahyu F. Giri.
Bisa pakai gamelan do= 1 ( ji )
Pa
Sineksen mbulan kekencar ing ratriNggurit jagad bareng klawan si reki
Sayang ...
Natah bungah ngrengga tresna nyandhing sliramu
Eman ...
Kenya manis sesotyaku
Sayang ...
Natah bungah ngrengga tresna nyandhing sliramu
Eman ...
Kenya manis sesotyaku
Pi
Lara lapa tansah nggandheng lan sira
Lelana wana coba nrajang godha
Nimas ...
Angugemi janji suci kang wus tinali
Yayi ...
Nimas ...
Angugemi janji suci kang wus tinali
Yayi ...
Nyawiji tekaning pati
Pa
Sumpahing ati sayang tansah sandhingan
Kang kadya mimi mintuna setyeng katresnan
Kang kadya mimi mintuna setyeng katresnan
Pi
Pujanku sayang manggih klanggengan
Mrih bisa kasembadan antuk jatining kasetyan
Pujanku sayang manggih klanggengan
Mrih bisa kasembadan antuk jatining kasetyan
Posting Komentar untuk "SUMANDING LIRIK"
Silahkan berkomentar dengan sopan dengan koreksinya
Posting Komentar