LIRIK CAKEPAN DAN NOTASI LARAS MOYO PELOG BARANG
Notasi
Laras maya laras pelog pathet barang
buko : . . 67 2327 5653 . 756
a) . 2 . 3 . 2 . 7
. 5 . 3 . 7 . 6
b) . 66 . 2765
33 . 5 6356
55 . . 7653
. 2 . 7 . 5 . 6
. 2 . 3 . 2 . 7
. 5 . 3 . 7 . 6
*
sapunika sampun rawuh
temanten kakung lan putri
pindha sasangka tumedhak
kembar cumlorot mblereng i
weh sukaning kang tumingal
prasasad katiban ruksmi
**
Pindha jawata tumurun
Komajaya komaratih
Dewa dewaning asmara
Kang tansah andon karonsih
pepuletan kanten asta
Tuhu dhahat milangoni
***
Pradangga hanganyut-anyut
Ing driya kadya rinujit
Miyarsa sung larasmaya
Tutwuri temanten kalih
Kang nembe' dhaup mangkana
Manjing jro wisma kinanthi
****
Prapteng unggyan kang tinamtu
Gya lenggah satata sami
Panganten kadya kamuryan
Lir Komajaya lan Ratih
Sang larasmaya memuja
Manggiha suka basuki
2 komentar untuk "LIRIK CAKEPAN DAN NOTASI LARAS MOYO PELOG BARANG"
Silahkan berkomentar dengan sopan dengan koreksinya
Posting Komentar