SMARAGITA Adif marhaendra lirik
SMARAGITA ADIF MARHAENDRA
Gementaring jiwa nglaras tembang ngudhari rasa
Bab kabagyan sesandhingan lan sliramu
Ayemku lan sliramu kangmasNora beda ing pangrasa
Smaragita ngrenggani ati
Paribasan tembang datan pinisah lan wirama
Tanpa rasa lamun datan reruntungan
Aweta reruntungan kang mas
Nora bakal kapisahna
Smaragita rineksa atiku
Lan sliramu
Amung sliramu
Tembang katresnan rineksa kalbu
Tembang lan wirama, datan kapisahna nimas
Semana uga aku lan sliramu
Kembang kembanging ati
Anglaras tembang katresnan
Eman lamun amung sak tleraman,
Aweta trus reruntungan
Tembang tembang katresnan tetepa ngumandhang mbabar kaendahan
Tembang tembang katresnan tetepa ngumandhang mbabar kaendahan
Datan pisah wirama lan tembang
Semana uga aku lan sliramu
Lan sliramu
Amung sliramu
Tembang katresnan rineksa kalbu
Posting Komentar untuk "SMARAGITA Adif marhaendra lirik"
Silahkan berkomentar dengan sopan dengan koreksinya
Posting Komentar