Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

iklan

LIRIK ASMARANALA

LIRIK ASMARANALA


Bawa
Binarunging kidung tresna
Mangka prasetyaning jiwa
Nadyan pinalangan Samodra hagni
Datan mingguh lan pekewuh
Genging tresna mbingkas sakehing rubeda
Oo.....

Sumawur cahya lintang
Asri rinengga ing awang-awang
Anyekseni, prasapaning ati
Ya mung sira, juwita kang tak tresnani

Sinurung ing pamuji
Ubayane datan mbalenjani
Labuh tresna, akeh ing rubeda
Panyuwunku, kukuh ing Prastya

Senadyan, nyabrang samodra hagni
Setyaku, ora bakal sun lincati
Senadyan, munggah pucuking arga
Tresnaku ra bakal sirna

Sakehing, rubeda kang tumeka
Sirna awit gedhene rasa tresna
Sinawung, kidung asmaranala
Setya tumeka oncating nyawa


Pocapan/Monolog 

Nimas wong ayu jejimating tilamsari
Ya mung sira mangka mustikaning nala
Nadyan sewu widodari tumurun ing arcapada
Sedyaku ora bakal kengguh ing prasapa
Nyuwuna mudune lintang kelawan rembulan
Yekti bakal sun wujud i
Awit geng ing tresnaku marang sliramu yayi

Posting Komentar untuk "LIRIK ASMARANALA"