Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

iklan

Lirik Gadung melati adif marhaendra

Gadung melati Adif marhaendra



Maes tembang kapang
Kenong wur lan kendang
Kempul wus tinabuh
Not wirama gambuh
 
Nglaras jroning tyas 
Swara slompret tumurun
Anggugah wulangun
Mangayun-ayun
 
Kemrisik  ing krepyak
Sampur kang sineblak
Rekma ngandan-andan
Nyongklang mbekso kepang
 
Sasat dewi kahywang anitih garuda
Maburo kusuma ing antariksa
 
Gadung melati rinengga mustakanira
Tansah wicaksana anggone mulat salira

Asesanti pujo-puji nguri-uri
Budaya kang edi peni
Mugyo tansah lestari
Ing bumi pertiwi
 
Gadung melati mring mustakanira
Mantesi ketaman sunar sang surya
Gadung melati mring mustakanira
Mantesi ketaman sunar sang condro

Posting Komentar untuk "Lirik Gadung melati adif marhaendra"