Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

iklan

LIRIK RAMALAN JAYABAYA CINDY PURBAWATI

Ramalan Jayabaya Sindy Purbawati SODIQ



Ramalan Jayabaya
Pancen kondhang kaloka

Bumine wis saya anget
Bumine saya mengkeret
Gunung-gunung padha mbledhos
Manungsa sami kuwatos

Pulo jawa kerem samudra
Pulo jawa kalungan wesi
Ayo padha ndang elinga
Marang Gusti

Ho.. heya heyo
Heya heyo heya heyo

Hukumane ra bisa adil
Akeh pangkat jahat lan jahil
Klakuane padha ganjil
Sing apik padha kepencil

Pasar ilang kumandhange
Akeh anak goleki bapake
Wong wadon ilang wadone
Wong tuwa ilang tuwane

Ho.. eya eyo
Eya eyo eya eyo

Ho.. ramalan Jayabaya
Pancen nyata kondhang kaloka
Ho-oh bumine uwis tuwa
Kudu eling lan waspada

Wong jawa kari separo
Cina landa kari sak jodho
Wong jawa kari separo
Cino landa kari sak jodho

Nang ning eling sapa gawa muringna
Sapane gawa apik
Bakal dibales apik barek sing gawe urip
Sapane gawa elek
Bakal dibales elek barek sing gawe urip
Cekak cukupe sapane nandur bakalan cukul

Omah ibadah ra disaba
Sing disaba omahe germo
Dijak ibadah mesti semaya
Jare sambat boyoke lara

Eling-eling dulur sedaya
Urip iki mung sedela
Ayo ibadah marang Gusti 
Sing kuwasa

Ho.. eya eyo
Eya eyo eya eyo

Ho oh Ramalan Jayabaya
Pancen nyata kondhang kaloka
Ho oh bumine uwis tuwa
Kudu eling lan waspada

Wong jawa kari separo
Cina landa kari sak jodho
Wong jawa kari separo
Cino landa kari sak jodho

Ramalan jayabaya


Bejo bejane sing eling
Bejo bejane sing lali
Luwih bejo sing weruh

Posting Komentar untuk "LIRIK RAMALAN JAYABAYA CINDY PURBAWATI"