LIRIK CAKEPAN DAN NOTASI LANGGAM KACU KUNING
Kacu Kuning Sl A
Ompak
. . . . . . . . 3137 1671
. 713 . 643 . . 13 7643
. . . . . . . . 3467 1467
. . . . 6434 . . 13 6476
Lagu
7567 4343 4367 4617
6767 4343 4367 4676
7631 3131 6734 3631
3167 4343 4367 4676
Kelingan marang janjimu
Wong bagus nyidrani sak iki njur lali
Rusake awakku iki amargo mikir
Wong sing tak tresnani
Rasane loro dadaku
Wong bagus kowe lungo ora pamit aku
Sak iki adoh dunungmu
Mung kacu kuning tondo katresnanku
Kacu kuning dadi pepeling
Naliko biyen kowe taseh nyanding
Mrono mrene iseh tak gowo
Ra biso pisah nadyan mung sedelo
Age age ndang balio
Wong bagus wis kangen ketemu sliramu
Kacu kuning tansah nunggu
Balio wong bagus kumpul karo aku
Posting Komentar untuk "LIRIK CAKEPAN DAN NOTASI LANGGAM KACU KUNING "
Silahkan berkomentar dengan sopan dengan koreksinya
Posting Komentar