Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

iklan

LIRIK KERSANING HYANG ASMARA LERENG LAWU ARUM DALU GENI ASMORO

Halo sahabat, salam budaya, selamat datang di blog saya Noto Budiyanto, kali ini saya menuliskan lirik lagu dari Aji Setyaji dan di populerkan oleh Bondan Sanubari ( bodaya) yang berjudul Kersaning hyang. lagu ini salah satu lagu favorit saya. saya juga pernah meg covernya di akun youtube saya. 

Lagu ini adalah semacam kidung liriknya sangat mendalam, saya tidak ingin mengartikan nya takut salah dan tidak sesuai dengan maksud dari sang penulis lagu. saya sangat salut kepada sang penulis lagu yang bisa membuat lagu sebagus ini. saya menunggu karya karya beliau selanjutnya. 


KERSANING HYANG
Cipt. Aji Setyaji
Vocal. Bondan Sanubari

Hamba sumarah sakarsaning Hyang
Tumitah amung sadermo
Lelakon kawuri tan biso bali
Pinasthi janji

Manik'ing jejantung
Tuhu mustikaning putri
Lilakno yayi pisah tan lami
Masuh jiwo ndadar rogo

Jinurung santi angesthi widhi
Tumonjo mring bongso nagri
Lesu lesah..lamun pinisah..
Manising roso a..nis..

Lilakno yayi pisah tan lami
Masuh jiwo ndadar rogo


Demikian tulisan saya kali ini, jika ada penulisan lirik yang salah saya mohon maaf, jika sang penulis lagu Bp. Aji Setyaji membaca tulisan ini saya mohon ijin ya saya tulis di sini, saya ucapkan banyak terimakasih dan salam saya lagunya sangat sangat bagus sekali, terimakasih, salam budaya.









Asmara Lereng Lawu

Cipt. Arya Galih
vocal. Arya Galih

Banyu kang tumetes nelesi bumi
Nggawa rasa kang ngreranta ati
Ngreranta ati kang sepi

Ademe dalan iki kang dadi saksi 
Ing lereng e lawu nggonku nunggu pawartamu
Duh nimas jejantunging atiku

Reff.
Deresing banyu udan nerak raga kang kasmaran
Mega kang tumlawung ngrasakke wong nandang wuyung
Wong ayu sira kembang ing atiku
Sang dyah ayu jejampining tresnaku

Endi janjimu seng ra arep ninggalke aku
Endi janjimu seng bakal setya satuhu 
Duh nimas tresnaku mung kanggo sliramu
Kancanono nganti kukuting ndoya

Duh wong manis tresnaku iki mung siji
Mung kanggo memanik ing ati
Duh wong manis tresnaku ra bakal lalis 
Sumpah ing ati ra bakal mblenjani 



Arum Dalu 

Cipt. Adif Marhaendra
Vocal. Adif Marhaendra


Sumerbak nyirep teleng ati
Ngambar arum mlathi ing ratri
Wewagenmu dina kawuri
Saksi katresnan sejati

Nyawang pasuryanmu ing tawang
Ketaman ayune sriwulan
Koyo koyo wus sesandingan
Senajan amung wewayang
Amung wewayang...

Kelingan setyamu kelingan sedyamu
Naliko nate janji-janji
Seba ing dampar ati
Nglali opo wes lali

Sekar kang rinonce datan kedunung
Nandang lelakon tuwuh getun keduwung
Tumetes waspa tiba ing lembayung
Pindha ombak samudro tan kebendung

Mega mendung tan kandeg tetangis
Nelesi Kembang ati seng atis
Ati ketaman janji lamis
Kagodha lathi kang manis
Nggrantes ginaris

Ginurit endah sastro kang semu
Tansah ngreridu jroning lamunku
Tan ana lio amung sliramu
Nyata jejantung ing tilam sariku cahyo netraku





GENI ASMORO

Cipt. Sony Andang
Vocal. Dhimas Tejo


Tak jaluk sliramu ning sandingku
ragamu ati ugo tresnamu
batin iki ngerasakno
kasunyatan seng tak roso
amung sliramu ra ono lio

sliramu pilihane atiku
esemu gawe roso kagenku
batin iki ngerasakno
kasunyatan seng tak roso
amung sliramu ra ono lio

saktenane batin iki ora lilo
yen sliramu gandheng karo wong lio
sak benere roso ati iki seng bakale njogo
Njogo soko genine asmoro

Roso tresno iki seng nguwati janji
Janji setyaku kanthi tuluse ati




Posting Komentar untuk "LIRIK KERSANING HYANG ASMARA LERENG LAWU ARUM DALU GENI ASMORO "