Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

iklan

Purwakanthi

Purwakanthi

Rujak telo rujake wanita tama
Sarwa cetha labete tansah tinata

Rujak manggis rujak e wong ireng manis
Tata titis labete wong wus winasis

Rujak degan rujake wong dhemen dandan
Sri kawuryan labete wong wus kelangan

Rujak dhondong rujake wong winong wong
Nora panglong labete terus kinembong

Rujak jeruk rujake wong lagi ngantuk
Nora mathuk dilakah tansah kepethuk

Rujak elo rujak e dhemen ngilo
Lamun kanggo tak puji  aja lali lho

Rujak randhu lumuh asor sugih nesu
Sesambene mung dhadahaan padu

Rujak salak rujake wong manak ladak
Dhemen ngepak tan pantes di worke sanak

Rujak jagung wong kumalungkung
Lengkung lengkung senenge tansah ginunggung

Rujak jeruk yen umuk kongsi keladuk
Numbuk numbuk kablithuk kerep keblasuk

Rujak munggur umbesur tur kamaluhur
Dhemen ngatur tan pantes awor sadulur

Rujak tekik ngangkrik angkrik ngaku becik
Gawe serik patute amung disirik

Rujak dhuwet den ulet raose sepet
Cepet cepet ndenen wani ngaku saget

Rujak nanas sugih uni amemanas
Lawas lawas wanuh wani rada lawas

Rujak jambe rujake wong dhemen ngame
Tanpa gawe uripmu mung mampir ngombe






Posting Komentar untuk "Purwakanthi"